The Perfect Guy (filem 2015)
The Perfect Guy inggih punika filem thriller saking Amérikah Sarékat ingkang kadamel ing taun 2015. Filem punika dipunsutradarani David M. Rosenthal, dhedhasar skénario anggitanipun Alan B. McElroy lan Tyger Williams,. Ingkang maragani filem punika antawisipun Sanaa Lathan minangka Leah Vaughn, Michael Ealy minangka Carter DUncan, Morris Chestnut minangka David King, Tess Harper minangka Mrs. McCarthy, Charles S. Dutton minangka Roger Vaughn, L. Scott Caldwell minangka Evelyn Vaughn, Kathryn Morris minangka Karen, lan sanèsipun. Ealy lan Lathan kepara ugi nyengkuyung minangka juru damel palaksana. The Perfect Guy dipunbabar ing surya 11 Sèptèmber 2015.5. lan kasil ngempalaken arta gunggung $60 yuta kados ingkang kacathet ing box office. Wondéné wragad ingkang sampun medal inggih punika $12 yuta. Éwasemanten, filem punika mboten patos katampi déning para pamirsa lan juru kritik. Ingkang maragani
Latar wingkingPandamelan filem The Perfect Guy kawiwitan surya 6 Agustus 2014, ing Los Angeles.[5] Pamundhutan gambar filem punika ditindakaken ing wanci dalu, lan langkung asring ngginakaken kodhak digital Sony lan lensa anamorphic. Kathah adegan (jejer) ingkang kapundhut kanthi ngginakaken cahya ingkang wingit awit saking punika kekajenganipun David supados filem punika ketawis radi peteng, kados ngendikanipun Peter Simonite. Pamundhutan gambar The Perfect Guy namung 34 dinten, pungkasanipun ing Los Angeles samadyaning Sèptèmber 2014.[1] Ing surya 3 Juni 2015, Screen Gems nepangaken trailer kapisan minangkani promosi filem The Perfect Guy kapasang wonten laman USA Today.[6] Filem punika kadamel lumantar format Dolby Vision ing Dolby Cinema Amérika Lèr.[7] The Perfect Guy kasil ngempalaken arta $57 yuta saking panggiyaran ing Amérikah Sarékat lan Kanada, lan langkung saking $3.2 yuta ing tlatah sanèsipun, kanthi gunggung kasil ngancik $60.3 yuta, wondéné wragad ingkang sampun dipundalaken dumugi $12 juta.[3] Miturut Sony, filem punika prayoginipun mboten dipun-giyaraken ing ngarsanipun para juru kritik.[8][9] The Perfect Guy dipun-giyaraken ing dinten Jemuwah 11 Sèptèmber 2015, lan kasih ngempalaken $9.9 yuta dinten punika.[10][11][12] The Perfect Guy ugi kacawisaken lumantar format DVD lan Blu-ray ingkang kababar surya 29 Désèmber 2015.[13] Ugi pirsaniRujukan
Pranala njawi
Information related to The Perfect Guy (filem 2015) |
Portal di Ensiklopedia Dunia