Once Upon a Time (filem 2017)
Once Upon a Time (Tradisional: 三生三世十里桃花) inggih punika filem sandhiwara romantis saking Tiongkok ingkang dipundamel taun 2017. Filem punika dipunsutradarani Zhao Xiaoding lan Anthony LaMolinara, dhedhasar skénario anggitanipun Zhengbing Rongdeng, dipunangkat saking novèl sesirah Three Lives Three Worlds, Ten Miles Peach Blossoms anggitanipun Tang Qi Gongzi.[2] Ingkang maragani filem punika antawisipun Liu Yifei, Yang Yang, lan Peng Zisu. Once Upon a Time dipunbabar ing taun 2017 awujud 2D, 3D lan IMAX 3D.[2][3] LampahanFilem punika nyariyosaken babagan Bai Qian, salah satungggalipun dewi dan ratu saking Alam Surgawi. Salebetipun pangulandara ing donya, piyambakipun pinanggihan kaliyan Ye Hua ingkang naté nandang katresnan dhumateng piyambakipun, lajeng sesémahan. Nanging lelampahan katresnan piyambakipun sami pinungkas kanthi nggrantes. Ing jagat salajengipun, pacangan kekalih punika pinanggih malih awujud déwa nanging sedaya lelampahan sampun kabusek awit saking panyuwunipun. Ye Hua, ingkang sapunika nglenggahi minangka putra pangéran naga cemeng, 90.000 taun langkung nem tinimbang Bai Qian, pikantuk kalodhangan kaping kalih kanggé nresnani malih. Ingkang maragani
Rujukan
Ugi pirsani
Information related to Once Upon a Time (filem 2017) |
Portal di Ensiklopedia Dunia