Nitrogen
Nitrogèn utawa Zat lemes iku unsur kimia ing tabel périodik kang duwé lambang N lan nomer atom 7. Lumrahé tinemu minangka gas tanpa warna, tanpa ganda, tanpa rasa lan wujud gas diatomik dudu logam kang stabil, angèl banget réaksi karo unsur utawa senyawa liyané. Dijenengi zat lemas amarga zat iki duwé sipat males, ora aktif réaksi karo unsur liyané. Nitrogen ana 78,08% persèn saka atmosfir Bumi lan ana ing akèh jaringan urip. Zat lemas mbentuk akèh senyawa wigati kaya ta asem amino, amonia, asem nitrat, lan sianida. Sifat-sipat pinunjulNitrogèn iku dat non logam, kanthi èlèktronegatifitas 3.0. Duwé 5 èlèktron ing kulit paling njaba. Mula iku trivalèn ing sapérangan gedhé senyawa. Nitrogèn ngembun ing suhu 77K (-196oC) ing tekanan atmosfir lan mbeku ing suhu 63K (-210oC). SajarahNitrogèn (Latin nitrum, Basa Yunani Nitron ateges "soda asli", "gen", "pambentukan") kanthi resmi tinemu déning Daniel Rutherford ing taun 1772, kang nyebut udara beracun utawa udara tetep. Pangetauan yèn ana pecahan udara kang ora mbantu ing pembakaran wis dingertèni déning ahli kimia wiwit akir abad kaping 18. Nitrogèn uga dikaji ing wektu kang mèh padha déning Carl Wilhelm Scheele, Henry Cavendish, lan Joseph Priestley, kang nyebutaké minangka udara kaobong utawa udara wis flogistat. Gas nitrogèn cukup lemes saéngga dijenengi déning Antoine Lavoisier minangka azote, tinimbang tetembungan Yunani αζωτος kang maksudé "ora duwé nyawa". Istilah mau wis dadi jenengé nitrogèn ing tetembungan Prancis lan sabanjuré mawiyar ing basa-basa liyané. Senyawa nitrogèn dingertèni wiwit Zaman Pertengahan Éropah. Ahli alkimia ngertèni asem nitrat minangka aqua fortis. Campuran asem hidroklorik lan asem nitrat dijenengi akua regia, kang diakoni amarga kamampuané kanggo nglarutaké emas. Kagunaan senyawa nitrogèn ing tetanèn lan perusahaan ing awalé yaiku ing wangun kalium nitrat, mligi ing pangasilan serbuk panjeblug (garam mesiu), lan sabanjuré, minangka baja lan uga stok panganan ternak kimia. SenyawaHidrida utama nitrogèn yaiku amonia (NH3) sanadyan hidrazina (N2H4) uga akèh tinemu. Amonia duwé sipat basa lan kalarut sapérangan ing banyu mbentuk ion ammonium (NH4+). Amonia cuwèr sabeneré sithik amfiprotik lan mbentuk ion ammonium lan amida (NH2-); kaloroné dikenal minangka garam amida lan nitrida (N3-), nanging kaurai ing banyu. Gugus bébas amonia karo atom hidrogèn tunggal utawa gandha dijenengi amina. Rantè, ali-ali utawa struktur hidrida nitrogèn kang luwih gedhé uga dimangertèni nanging ora stabil. Peranan biologiNitrogèn wujud unsur kunci ing asem amino lan asem nukleat, lan iki ndadèkaké nitrogèn wigati kanggo kabèh kauripan. Protein disusun saka asem-asem amino, sauntara asem nukleat dadi salah siji komponèn pambentuk DNA lan RNA. Polong-polongan, kaya ta kedhelè, bisa nangkep nitrogèn kanthi langsung saka atmosfer amarga simbiosis karo bakteri bintil oyot. IsotopAna 2 isotop Nitrogèn kang stabil yaiku: 14N dan 15N. Isotop kang paling akèh yaiku 14N (99.634%), kang diasilaké ing lintang-lintang lan kang saluwihé yaiku 15N. Ing antarané sepuluh isotop kang diasilaké kanthi sintetik, 1N duwé paruh wektu suwéné 9 menit lan kang saluwihé padha utawa luwih cilik saka itu. PepèngetLimbah baja nitrat wujud jalaran utama pancemaran banyu kali lan banyu ngisor lemah.Senyawa kang ngandhut siano(-CN) ngasilaké garam kang beracun banget lan bisa njalari patining kéwan lan manungsa. Pranala njaba
Information related to Nitrogen |
Portal di Ensiklopedia Dunia