Diary of a Wimpy Kid: Rodrick Rules
Diary of a Wimpy Kid: Rodrick Rules nggih punika sesirah filem sandhiwara kumedhi saking Amérikah Sarékat taun 2011. Filem punika kaarahaken déning David Bowers. Skénario dipunanggit déning Jeff Figo, sesarengan Brad Simpson lan Ethan Smith, adhedhasar saking novel Diary of a Wimpi Kid: Rodrick Rules anggitanipun Jeff Kinney. Tanggel jawab musik kapasrahaken dhumateng Edward Sheamur, lan sinematografi dipuncakaken déning Jack N. Green. Wondéné narasi kaisi déning Zachary Gordon. Para juru paraga ingkang kadhapuk maragani antawisipun Zachary Gordon, Devon Bostick, Robert Capron, Rachael Harris, Steve Zahn, lan Peyton List. Filem kadamel minangka kalajengan saking filem sadèrèngipun, Diary of A Wimpy Kid ingkang dipunbabar taun 2010.[2][3][4][5][6] Para pamirsa, lumantar CinemaScore maringi biji dhumateng filem punika "A-" antawisi A+ dumugi F.[7] Dumugi pungkasanipun panggiyaran wonten gedhung-gedhung bioskop, filem punika kasil ngempalaken arta dumugi $72,417,394, nglangkungi ardhana ingkang sampun medal kagem kabetahan pandamelan, nggih punika $21 yuta. Juru paraga
Rujukan
Pranala njawi
Information related to Diary of a Wimpy Kid: Rodrick Rules |
Portal di Ensiklopedia Dunia