Chester A. Arthur
Chester Alan Arthur (lair ing Fairfield, Vermont, 5 Oktober 1829 – pati ing New York, New York, 18 Novèmber 1886 ing umur 57 taun) yaiku wong pulitikus Amérika kang dadi Présidhèn Amérika Sarékat kang ka-21, yaiku wiwit taun 1881 nganti tekan taun 1885.[1] Sadurungé dadi Présidhèn Amérika Sarékat, dhèwèké dadi Wakil Présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield.[1] Dhèwèké diangkat dadi présidhèn tanggal 19 September 1881, nalika James Garfield mati dina iku, amarga ditémbak. Dhèwèké uga dadi anggota Parté Républik.[1] Chester Arthur lair tanggal 5 Oktober 1830.[1] Sadurungé dadi Présidhèn, dhèwèké tau dadi guru, pengacara kang suksès, panegak Parté Républik ing New York, mbentuk bala rakyat ing nagara New York (ing awal mulané Perang Sadulur Amérika), Kepala Pérangan Piranti (pengurus piranti bala kanggo médhan peperangan), lan Kepala Jawatan Béa Cukai ing New York (ngurusi panarikan telu-perpapaté saka kabèh dhuwit cuké ing New York kang ditampa déning Pamaréntah Federal) lan dadi wakil présidhèn ing ngisoré Présidhèn James Garfield.[1] Mangsa dadi présidhènanSadurungé dadi Présidhèn Chester Arthur bener-bener nglakokaké pulitik, nanging dadi Présidhèn, dhèwèké ora nganggo pulitik, lan dhèwèké uga ngorbanaké kauntungan pulitik kanggo nglakokaké tugasé.[2] Masalah iki kang njalari rugi kang gedhé ing parténé, yaiku Parté Républik.[2] Cathetan sikil
Information related to Chester A. Arthur |
Portal di Ensiklopedia Dunia