Carolyn A. HamiltonCarolyn A. Hamilton ya iku ahli antropologi wanita saka Johannesburg, Afrika Kidul, kalairan ing tanggal 17 Agustus 1958[1][2]. Pandhidhikan pawiyatan luhuré Carolyn iki naté ana ing University of Natal (BA) ing tan 1979, University of the Witwatersrand (BA) ing taun 1980 lan MA ing taun 1986[1]. Sabanjuré ing Johns Hopkins University (MA) ing taun 1988 lan Ph.D. ing taun 1993. Panlitian lapangan antropologis sing linakonan ya iku ana ing Swaziland, KwaZulu-Natal, Afrika Kidul ing taun 1982 nganti 1988[2]. Uga ing Turki taun 1996-1997. Karya akademis sing tinulis déning Carolyn ya iku Terrific Majesty: The Powers of Shaka Zulu and the Limits of Historical Invention (taun 1998). Carolyn iki minangka antropolog sujarah kang karenan ing bab pulitik lan kakuwasan, gambaran Zulu, arsip alam, produksi sujarah, lan konstitusi intelèktual publik ing Afrika Kidul[1][3][4]. Rujukan
Information related to Carolyn A. Hamilton |
Portal di Ensiklopedia Dunia