Basa baku (uga karan dhialèk baku utawa dhialèk kabakokaké) iku varian basa kang dianggo déning wong-wong sajeroning wacana umum.[1] Utawa, basa baku iku varian basa kang ngalami pambakonan. Sarana lelakon iku, basa ditata saperlu digawé paramasastrané lan bausastrané lan ditulisaké tumrap pustaka-pustaka rujukan mangkono.[1] Lumrahé, varian basa kang dibakokaké iku dhialèk enggon-enggonan kang dicaturaké ing laladan punjering padagangan lan pamaréntahan awit tumuwuh kabutuhan marang basa kanggo kaperlon kang ngungkuli kabutuhan basa enggon-enggonan. Basa baku kena plurisèntris[2] (contoné basa Arab, Inggris, Jerman, Parsi, Serbo-Kroasia, Prancis, Portugis, lan Spanyol)[3] utawa monosèntris (contoné basa Islan, Itali,[4]Jepang,[5] lan Ruslan[5]).[6]
Basa tulis baku kala-kala ditembungaké sarana tembung JermanSchriftsprache.
Sipat
Siji-sijiné sarat varian basa bisa dadi baku iku manawa varian iku kerep dianggo ing papan-papan umum utawa ing wacana umum.[1] Panyiptaning basa baku prèskriptif lumantar kabutuhan marang katunggalan nasional (budaya, pulitik, lan sosial) saéngga butuh varian basa kang dibakokaké lan dhedhasar kasarujukan.[butuh sitiran] Basa baku adaté nonjolaké:
Bausastra kang diakoni (éjaan lan kosatembung baku)
Paramasastra kang diakoni
Pangucap baku (tuturan dhidhikan)
Bebadan basa kang nemtokaké aturaning panganggoning basa; contoné Académie française utawa Real Academia Española
Status (légal) mawa undhang-undhang (racaké minangka basa resmi)
Panganggo ing papan umum kang tumama (ing pangadilan, bebadan lègislatif, sekolah)
↑Daneš, František (1988). "Herausbildung und Reform von Standardsprachen" [Development and Reform of Standard Languages]. Ing Ammon, Ulrich; Dittmar, Norbert; Mattheier, Klaus J (èd.). Sociolinguistics: An International Handbook of the Science of Language and Society II. Handbücher zur Sprach-und Kommunikationswissenschaft 3.2. Berlin & New York: Mouton de Gruyter. kc. 1507. ISBN3-11-011645-6. OCLC639109991.
↑ abcVahid, Ranjbar (2008). The standard language of Kurdish. Iran: Naqd-hall.