Alfred L. Kroeber
Alfred Louis Kroeber ya iku antropolog Amerika kang lulus gelar Ph.Dné taun 1910[2]. Dhéwéké salah siji murid Frans Boas. Disertasiné ya iku Decorative Symbolism of Arapaho. Kroeber pernah ngajar ing Universitas Berkeley, Kalifornia. Daérah penelitian mligi iku suku bangsa Indian ing California[3]. Kasil panlitiané kuwi kira-kira 70 tulisan déskriptif lan kang paling gedhé iku antarané Handbook of the Indians of California taun 1925. Uga Kroeber pernah mèlu panlitian ing suku bangsa Peublo Zuni ing Arizona lan suku bangsa Indian liyané ing Mèksiko lan Peru, Amerika Kidul. Akéh tulisan Kroeber iki sipaté déskriptif utawa gambaran-gambaran baé nanging penting ing pangembangan téori antropologi. Sawiji tulisané kang uga gedhé ya iku Zuni Kin and Clan taun 1917. Ing bukuné kuwi Kroeber nuduhaké sistem krabatan wong Zuni. Kroeber uga dadi sawiji tokoh kang wis diakoni minangka tokoh penting ing pangembangan ngèlmu antropologi marang arah integrasi (nyawijèkaké) saka ngèlmu-ngèlmu bagian lan alirané[2]. Rujukan
Information related to Alfred L. Kroeber |
Portal di Ensiklopedia Dunia