A.S. Roma
A.S. Roma iku cekakan saka ukara Associazione Sportiva Roma, nanging luwih asring kanthi jejuluk AS Roma, yaiku salah siji grup bal-balan saka Italia kang ana ing Roma. Grup iki main ing Liga Italia. SajarahA.S. Roma diwangun nalika taun 1927 déning Italo Foschi kanthi cara ndadèkake 3 grup bal-balan saka kutha Roma, yaiku Roman FC, SS Alba-Audace lan Fortitudo-Pro Roma SGS. Alesané nggabungaké grup-grup iku kanggo nyaingi grup-grup bal-balan saka Italia lor. Nanging ana uga grup ing kutha Roma kang ora mèlu nggabung yaiku SS Lazio. Nganti saiki grup iki wis menangaké kompetisi, antarané grup sa-Éropah yaiku Inter-Cities Fairs Cup nalika taun 1960-1961 kang dadi bibité liga UEFA Europa League. Nanging nalika iku kompetisi Inter-Cities Fairs Cup ora dicekel déning UEFA, dadi Roma ora kacathet ing kelompok-kelompok kang wis tau menangaké Piyala UEFA. Cathetan sikilInformation related to A.S. Roma |
Portal di Ensiklopedia Dunia