A-10 Thunderbolt II![]() A-10/OA-10 Thunderbolt II, wujud motor mabur Angkatan Udara AS pisanan kang dirancang kanggo panjurung udara cepak karo prajurit darat. Deweké wujud salah sijiné pesawat jet prasaja, efektif lan daya-selamat dhuwur, kanti kursi tunggal, mesin-ganda dirancang kanggo nyerang sasaran ing darat, kalebu tank lan kendaraan lapis baja liyané. motor mabur A-10 amung digunakaké déning Angkatan Udara Amérikah Sarékat lan direncanakake tetep dienggo nganti taun 2028. A-10 Thunderbolt II ya iku pesawat jet tempur kanti kursi tunggal lan kanti mesin ganda kang duwé spesialisasi sebagai pesawat tempur panjurung udara kang wis digawé nalika awal 1970. Pesawat iki diprodhuksi déning pabrikan pesawat Fairchild Republic, perusahaan kang didegake nalika taun 1925 lan wis kaping-kaping pindhah pemilik. Terakhir kaline perusahaan iki dituku déning salah sijiné indhustri pertahanan Israèl, Elbit Systems. A-10 Thunderbolt II dirancang kanggo kebutuhan Angkatan Udara AS kangggo perlindungan lan panjurung udara (CAS: Close Air Support) kanggo prajurit ing darat saka tank utawa kendaraan tempur lapis baja musuh. A-10 wujud pesawat tempur kapisan duwene AS kang dirancang kanggo panjurung udara. Pesawat iki disenjatani kanti meriam rotary bobot GAU-8 Avenger minangka senjata mligi. Senjata iki dadi meriam rotary paling abot kang pernah dipasangake ing salah sijiné pesawat tempur. Pirang-pirang péranganing lambung pesawat dilapisi baja kanti total bobot punjul 540 kg. pérangan-pérangan mau dirancang kanggo bisa terus berfungsi sak suwi-suwine. Kanti perlindungan lapisan baja mau, dikarepake pesawat bisa tetep terbang sanajan wis ngalami kerusakan kang parah. Ora aneh yèn nganti saiki Angkatan Udara AS isih ngoperasikake A-10 Thunderbolt II. Jeneng mburi A-10 dijukuk saka pesawat P-47 Thunderbolt, salah sijiné pesawat tempur kang efektif banget minangka panjurung udara nlika mangsa Perang Dunya II. Ing kalangan penerbangan tempur AS, A-10 Thunderbolt kaloka kanti jejuluk jeneng "Warthog" utawa "Hog". Minangka penempur udara kanggo misi sékundhèr, pesawat iki nyediakake control udara marang garis ngarep lan mbimbing pesawat tempur liyané guna nyerang target ing darat. Kang kerep digunakaké nalika misi kaya iki ya iku saka varian OA-10. Miturut kabar, A-10 Thunderbolt bakal terus digunakaké déning Angkatan Udara AS nganti taun 2028. SajarahSadurungé anané A-10 Thunderbolt II, Angkatan Udara AS pernah dikritik amarga dianggep ora serius nediakake pesawat tempur mirunggan panjurung udara kanggo prajurit ing darat. Sajrone Perang Vietnam, akèh pesawat tempur AS kang tiba nalika kanggo nindakaké serangan sajrone pertempuran darat. Pesawat-pesawat iku kanti gampang ditembak tembakan persenjataan entheng. Helikopter tempur kaya Bell UH-1 Iroquois lan AH-1 Cobra kasunyatan ora cocog kanggo ngadepi kendaraan lapis baja musuh. Kapindo hèlikopter mau amung dipirantèni senapan mesin anti personil lan roket kanti target jarak cepak. Wodene jet tempur supersonik kaya F-100 Super Sabre, F-105 Thunderchief, lan F-4 Phantom II duwé kelajuan mabur ang terlalu rikat saéngga awak pesawat ora bisa nembak target lumah kanti akurat uga ora leluasa nglakoakek manuver nalika pertempuran darat. Siji-sijiné pesawat tempur panjurung udara kang dianggep efektif nalika jaman iku ya iku A-1 Skyraider, nanging dianggep penempur udara kang wis tuwa. Nalika taun 1966, Angkatan Udara AS mbéntuk Program A-X (Attack Experimental) kang dipanggedhèni déning Kolonel Avery Kay. Nalika tanggal 6 Maret 1967, Angkatan Udara jaluk marang 21 perusahaan indhustri pertahanan kanggo mèlu ing Program A-X iki. Tujuan saka program iki ya iku nindakaké studi kanggo éntuk désain pesawat tempur serangan lumah kang kanti biaya murah. Akhire spesifikasi pesawat kang dikarepake ya iku yèn pesawat mau duwé kecepatan maksimum 740 km/jam, kanti senjatan meriam mesin kaliber 30 mm, landasan lepas-landas 1.200 mèter, angkudan eksternal nganti 7.300 kg, radius tempur 460 km, lan biaya per unit US$ 1,4 yuta. Enem perusahaan ngajokake proposal kanggo pesawat iki. Kang dipilih ya iku prototip pesawat YA-9A gawéan Northrop lan YA-10A gawéan Fairchild Republic. Wondene General Electric lan Philco-Ford dipilih kanggo ngembangaké lan uji coba prototip meriam mesin GAU-8. Pesawat YA-10A kang diyasa ing Hagerstown, Maryland déning Fairchild-Republic lan nindakaké penerbangan perdana nalika tanggal 10 Mèi 1972 akhire kapilih kanggo digunakaké sajrone Program A-X. Wonden General Electric kapilih kanggo gawé meriam mesin GAU-8. Produksi kapisan pesawat jet tempur A-10 Thunderbolt mabur kapisan kali nalika Oktober 1975 lan penyerahane marang Angkatan Udara AS dimulai nalika Maret 1976. Total ana 715 unit A-10 Thunderbolt kang wis diprodhuksi, terkahir diwènèhake marang Angkatan Udara AS nalika taun 1984. Spesifikasi (A-10A)Karakteristik umum
Prestasi
Cathetan sikilInformation related to A-10 Thunderbolt II |
Portal di Ensiklopedia Dunia